BAHAGIAMU TERGANTUNG PERASAAN MU


La pie ?????

Bojomu Gaji ne 300 ewu seminggu , selama iki santai" wae , ora tau ngresulo ..
.
Nah Mbasan awor kancamu , kancamu crito lek bojone bayarane 3 juta sesasi .. perasaan mu.mbuseng ..

- buka pesbuk enek koncone posting liburan nek luar kota  bolak balik ,
Sedangkan awakmu  gur trimo dolan nek pasar tuku getuk , kui yo gur setaun pisan..
Perasaan mu mbuseng ..

- blonjo nek toko ptuk neh kancane , klambi ne apik gonta ganti , gwe perhiasan akeh .. gelang e sak sikut , kalung e bobot 3 kg..
Sedangkan awakmu ae gelangan gur karet tipak e tali sawi ..
Ngono perasaan mu mbuseng neh ..

- nek omah . Tonggone sebelah ngedunke motor keluaran terbaru gres ko dealer rupane abang guilap ..
Sedangkan awakmu  selama iki gur numpak motor tuju linu  suarane pret epret epret sing knalpot e mirip kyok pengasapan demam berdarah ..
Ngunu mbuseng neh ..

Sue sue nek ati muncul roso pegel , iri , pengen reno" kyok kancane , kyok tanggane ,
Malih wani demo karo bojone ..
Omah sing mamane rapopo,  tentrem , goro" perasaan mbuseng kui mau dadi kyok neroko ..
Tukaran mbendino, nek pikirane pengen minggat  ..
Anak dadi  ra keurus ..

Ngunu wi sopo sing salah ??
.
Yo perasaan mbuseng kui mau lo ..
Perasaan sing ora kenek diatur ..

Sak iki lek dipikir lo ya .. klambi ora apik ra masalah pokok resik , motor ora gilap rapopo pokok kenek ditumpak i , prhiasan ra gwe ramasalah , gaji bojo sepiro" kan pokok iso ngatur panggah turah ..

Kowe opo ngerti sing bayarane akeh kui , angsurane bank ki piro ae 😆
Motor kui mau kredit po gk ..
Prhiasan kui imitasi po duk ..
Liburan bolak balik kui due utang akeh po gk ..
.
Sak iki rendah hati ae .
Syukuri nikmati jalani opo sing wis digarisne kro gusti alloh ..
 bahagia kui ora mergo sugeh bondo ..
Tpi pie perasaan lan atimu iso mbok toto..
😍😍😍


Komentar

Postingan populer dari blog ini

KISAH (NYATA) DI BALIK RASYAD FOUNDATION

"Yang Sudah Berlalu Tak Perlu Disesali"

Contoh Soal Pretest PPG dan Jawaban